KAUTAMAN LAN HIKMAHIPUN MAOS AL-QUR'AN
Assalamu'alaikum warahmatullah wa barokatuh..
الحمد لله الذي أنعم علينا بنعمة الإيمان. وفضّلنا بتعلّم العلوم والبيان
والصلاة والسلام على سيد الأنام نبينا محمد وعلى أله وصحبه أصحاب الكرام
أما بعد
Alhamdulillahilladzi an'ama 'alaina bini'matil-iiman.. wa faddholana bita'allumil-uluumi wal bayaan..
Wasshalatu wassalamu 'ala sayyidil-anaam nabiyyina Muhammadin wa 'alaa aalihi wa shohbihi ashhaabil-kiroom..
Ammaa ba'du..
Para rawuh sederek sedaya ingkang Kula hormati saha samya dipun mulyaaken dening Allah.
Sayektos wulan Ramadhan punika sak sae-saenipun wulan kangge nikel-nikelaken amal. Pramila saking punika, sampun sak mestinipun ugi sak wanchinipun tumrap piyantun muslim punika ngatah-ngatahaken amal sae wonten ing wulan Ramadhan. Dados, karaos morsal saha aneh menawi tiyang Islam boten kepingin nindhaaken amal ingkang sak kalangkung katah wonten ing sak lebetipun wulan punika, kepara rumaos cukup kaliyan amal-amal sanesipun saking dinten-dinten ingkang sampun kalampah kang lumrah atawi biasa.
Dene sak sae-saenipun amal ibadah punika nun inggih Maos Al Qur'an. Kados ingkang sampun dipun dawuhaken dening Nabi.
أفضل عبادة أمّتي قراءة القرأن
Afdholu 'ibaadati ummati Qiroatul Qur'an..
Sak utama utamanipun ibadah umatku (Nabi) yaiku maca Al Qur'an
Kenging punapa maos al Qur'an punika dipun sebat minangka ibadah ingkang paling utami. Jalaran, maos Al Qur'an punika prasasat kados dene geguneman marang Gusti Allah SWT.
Gusti Kanjeng Nabi dawuh :
من أراد أن يخاطب الله فليقرأ القرأن, أعطوا أعينكم حظها من العبادة, قالوا يارسول الله وماخظها من العبادة ؟ قال النظر فى المصحف والتفكر فيه والاعتبار عند عجائبه
Man arooda an-yukhotiba-Allaha, fal yaqro' Al Qur'ana, a'thuu a'yunakum haddhoha minal-'ibadati. Qoolu, "Yaa Rasulallah, wa maa haddhuha minal-'ibadati?. Qoola, "an-Nadzru fil-Mushafi wat-Tafakkuri fiihi wal-i'tibaari 'inda 'ajaaibihi
Artosipun, " Sinten ingkang kersa omong-omongan/ geguneman dateng Allah, mangka becik macaha Al-Qur'an. Pada aweha marang soca / mata - mata Sira Kabeh bagian haq-haqe sangka ibadah". Para sahabat nuli pada takon, "Duh Kanjeng Rasul. Lajeng punapa bagian haq-haqipun mata punika menggah saking ibadah?", Gusti Kanjeng Nabi jawabi, "Yaiku delengi Mushaf, mikir-mikir isine mushaf lan gawe i'tibar utawa ngalap pasinaon marang perkara-perkara kang gawoake Al Qur'an (Deres)".
Punikalah menggah keistimewaan atawi keutamaan maos Al Qur'an ingkang boten sami kados ibadah lentunipun.
Dene hikmahipun deres Al Qur'an punika nun inggih kados ingkang sampun dipun dawuhaken dening kanjeng Nabi Muhammad SAW.
إن أردتم عيش السعداء وموت الشهداء والنجاة يوم الحشر والظل يوم الجزاء والهدي من الضلالة فأديموا قراءة القرأن فانه كلام الرحمن وحصن من الشيطان ورجحان فى الميزان.
In arodtum 'aisya su'ada wa mautas-su'ada wa mauta ssyuhada wan-najata yauma-hasyr waddhilla yauma-jazaa, wal hadya mina-dhzolalati, faadiimu qirooatal-qur'an fainnahu kalaamur-rohmaani, wa Hisnu minas-Syaithoni wa rojhaanu fil-miizaaan.
"lamun Sira Kabeh kepingin Urip kaya dene uripe wong-wong kang beja bagya mulya, mati kaya dene matine para syuhada Utawa wong-wong kang mati syahid, Slamet ana ing Dina dikumpulake Kabeh manungsa ing Dina qiyamat, merkulih aup-aup/ iyup-iyupane Allah nalika ana ing Dina piwalesan, merkulih pituduh sangka kasasar. Mangka, pada nglanggengna Sira Kabeh anggone maca Qur'an krana setuhune Al Qur'an iku dawuh kalamipun Allah dzat kang maha welas, dadi pager beteng saka pangridu setan, lan bisa ngunggulake/ ngebot-ngeboti timbangan amal."
Pramila, para sederek sedaya! Kanthi menika, mangga kita tansah hambudidaya ing awak kita supados saged Istiqomah anggenipun ngibadah langkung-langkung anggenipun Maos Al Qur'an saged Istiqomah ngingeti hikmah Saha kautamaanipun saking Al Qur'an punika ageng sanget.

Komentari Tulisan Ini
Tulisan Lainnya
Tradisi "Rebo Wekasan"
Di sebagian daerah, terdapat kebiasaan melakukan beberapa ibadah. Seperti: salat, membaca yasin, dan lain-lain yang dilaksanakan di hari Rabu terakhir pada bulan Shafar (rabu wekasan) d
Idul Qurban; Momentum Jihad Pangan
Khutbah I اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْب
Solusi terhadap Fenomena Seorang Kayim menerima Zakat Fitrah
Di beberapa daerah, orang yang ditunjuk oleh pemerintah desa untuk mengurus hal ihwal urusan sosial beragama di tengah masyarakat disebut Kayim. Nah, Kayim ini terkadang mendapa
SEJARAH LAN KAUTAMAN NUZULUL QUR'AN
Salah satunggaling piwulang wigatos ingkang kedah dipun mangertosi dening umat Islam inggih punika mangertosi babagan sejarah tumurunipun Al-Quran. Kanthi pangertosan punika, kita badhe
BACAAN IMAM KURANG FASIH, APA YANG HARUS DILAKUKAN TAKMIR?
Sebagaimana yang kita ketahui bahwa rukun shalat ada 3 (tiga) macam. Yakni, Rukun Qolbi (Rukun yang sebangsa hati). Artinya, rukun ini harus dipenuhi oleh aktivitas hati, yaitu niat. Be